Bojoku Galak
Wis nasibe kudu koyo ngene
Duwe bojo kok ra tau ngepenake
Seneng muring omongane sengak
Kudu tak trimo bojoku pancen galak
Saben dino rasane ra karuan
Ngerasake bojoku sing ra tau perhatian
Nanging piye maneh atiku wes kadung tresno
Senajan bathinku ngempet ono njero dodo
Yo wis ben duwe bojo sing galak
Yo wis ben sing omongane sengak
Seneng nggawe aku susah
Nanging aku wegah pisah
Tak tompo nganggo tulus ning ati
Tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodone
Senajan kahanane koyo ngene
Sungguh keterlaluan bojoku sing saiki
Kliru sitik wae aku mesti diseneni
Ameh dolan ro konco kok ora diolehke
Senengane nuduh dikira lungo ro liyane
Yen wis ngono aku mung biso meneng
Tak jelasno malah mung gawe kowe sepaneng
Di matamu aku iki ora tau bener
Kabeh mbok salahno rumongso wis paling pinter
Yo wis ben duwe bojo sing galak
Yo wis ben sing omongane sengak
Seneng nggawe aku susah
Nanging aku wegah pisah
Tak tompo nganggo tulus ning ati
Tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodone
Senajan kahanane koyo ngene
Ibarate dele sing uwis dadi tempe
Kudu tak lakoni yen pancen ngene dalane
Abote nduwe bojo sing galak
Lek ra keturutan senengane mencak-mencak
Ra usah digetuni aku kudu kuat ati
Nganti tekan mati mati sliramu tetep ning ati
Distel kendo wae tak nikmati uripe
Senajane galak bojoku pancen sing ayu dewe
Kuat dilakoni nek rakuat ditinggal ngopi
Tetep cinta senajan bojoku galak
Yo wis ben duwe bojo sing galak
Yo wis ben sing omongane sengak
Seneng nggawe aku susah
Nanging aku wegah pisah
Tak tompo nganggo tulus ning ati
Tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodone
Senajan kahanane koyo ngene
Tidak ada komentar:
Posting Komentar